Ing Kabupaten Pati ana kirab gendera kang
dawane 100 meter lan ombone 3 meter, diaral saka Stadiun Jayakusuma saka jam
siji awan nganti setengah papat sore ing Alun- Alun Pati.
Acara
kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2016 lan
kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur.
Miturut
Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI)
Pati, Endang Sri Wahyuningsih ngaturake yen dheweke matur suwun marang para
pihak kang melu acara iki lan sing gatekake kegiatan iki. Dheweke pangarep-arep
kegiatan kaya ngene iki diadakake setaun pisan.
~~●~~
Pokok-Pokok Isi Pawarta:
Unsur 5W+1H:
1. Prastawa apa kang kedadeyan?
=Kirab gendera, mengeti Dina Kesaktian Pancasila.
2. Sapa kang matur suwun diadakake acara iki?
=Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan
TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati, Endang Sri Wahyuningsih.
3. Kapan acara kirab gendera diadakake?
=1 Oktober 2016, jam siji awan nganti jam setengah
papat sore.
4. Ing ngendi kedadeyan iku?
=Ing Kabupaten Pati.
5. Kena apa acara iki diadakake?
=Jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur.
6. Kepriye pangarep-arep Endang Sri Wahyuningsih?
=Dheweke pangarep-arep kegiatan kaya ngene diadakake
setaun pisan.
Ringkesan Pawarta:
Ing Kabupaten Pati ana kirab gendera kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1
Oktober 2016 saka jam siji awan nganti jam setengah papat sore. Miturut Ketua
Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati,
Endang Sri Wahyuningsih gaturake yen dheweke matur suwun diadakake acara iki. Dheweke
pangarep-arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setaun pisan, amarga jiwa
nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur.
Tanggapan:
▪Pawarta babagan kirab gendera ing Kabupaten Pati,
kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2016, kudu diwenehi
apresiasi, saengga jiwa nasionalisme pemuda sak niki bisa muncul maneh.

Comments
Post a Comment