Rajaning peksi punika naminipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jathayu enggal tumandang damel mitulungi Sinta, nanging boten kasil amargi kalindhih lan salah satunggaling swiwinipun sengkleh. Sinta dibeta Rahwana dhateng negari Alengka, badanipun lungkrah boten kanten-kantenan amargi dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sinta sagedipun namung nangis nyuwun welas asih saha ngrerintih sedhih lan sinten kemawon ingkang sumerep temtu tumut trenyuh lan sedhih. Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpameri isinipun negari Alengka. Rahwana nyobi ngarih-arih dhateng Sinta, nanging Sinta tetep teguh santosa ing budi. Rahwana muntab, lajeng dhawuh supados Sinta dipunjagi dening para raseksi ingkang galak-galak lan ndrawasi.
Nalika Rama lan Lesmana madosi Sinta ingkang boten wonten ing papanipun, ing satunggaling panggenan kepanggih kaliyan Jathayu ingkang sampun kados badhe koncatan nyawa. Sanajan makaten kawontenanipun, Jathayu taksih saged matur kaliyan Rama menawi Sinta kadhusta lan kabekta dhateng negari Alengka. Purna anggenipun matur, Jathayu dumugining pejah. Nalika raganipun dipunbesmi dening Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun negari Alengka lan wonten swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged kepanggih kaliyan Sinta.

Comments
Post a Comment