Ramawijaya
tindak mbebedhag ing alas lan weling marang garwane, Dewi Sinta, supaya ora nerak
wewaler saka Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadyabalane Rahwana, banjur Rahwana
ngutus ditya kala Marica supaya memba kidang kencana mbebeda Sinta. Sinta nyuwun
dicekelake, mula enggal-enggal dicedhaki Rama, nanging playune kidang saya
adoh. Kocapa Rahwana memba kaki-kaki nyuwun ganten marang Sinta, akhire Sinta maringake
ganten, sanalika tangane Sinta kena kageret nuli kabopong Rahwana digawa mabur nggeblas
menyang negara Ngalengka. Sawuse Ramawijaya kondur Sinta ora ana, lagi krasa
yen iku paekaning mungsuh, mula ndadekake sungkawa. Manut ature Resi Jatayu
Sinta kadhusta ratu buta ing Ngalengka. Gancanging crita, Prabu Ramawijaya
golek sisik melik kang kautus nakyinake papan dumununge Sinta yaiku Rewanda
Seta kang aran Anoman. Nampa jejibahan Anoman kangkat dadi putra andanu kaparingan
asma Ramadayapati. Anoman banjur jumujug menyang Taman Kaputren lan nemoni Dewi
Sinta uga Dewi Trijatha, ngaturake ali-aline Sri Rama sesupe Sotya Ludira marang
Dewi Sinta. Nalika Anoman arep pamit, konangan putra Ngalengka yaiku Trimurda,
Trikaya, lan Raden Indrajit. Raden Indrajit nglepasake panah rante, sakala Anoman
kena kabanda kasowanake Prabu Rahwana. Anoman kapatrapan paukuman diobong ing
alun-alun Ngalengka, geni ora tumama ing kulite, malah Anoman triwikrama malih
dadi wanara gedhene sagunung anakan ngobar geni sadhuwuring kraton, kabeh wewangunan,
omah-omah dadi kobong dadakan. Tumindake Anoman banjur dielingake Ki Lurah
Semar, Anoman lilih, banjur bali wujud sakawit. Prabu Dasamuka nesu lan
mrentahake prajurit nyekel Anoman. Nanging Anoman bisa lolos bali maneh atur
palapuran marang Prabu Rama.
Piwulang kang bisa
dijupuk, yaiku :
Ø Dadi manungsa iku
kudu setia karo pasangane.
Ø Dadi manungsa iku
kudu njaga kekancan kanthi becik.
Ø Dadi manungsa iku
kudu tansah mbela kabecikan lan kautaman.
Ø Dadi manungsa iku kudu duweni jiwa patriotisme kanggo mbela negara.

Comments
Post a Comment