Skip to main content

Masa Praaksara

  P erkembangan Teknologi pada Masa Praaksara   A. Zaman Batu Manusia praaksara membuat alat-alat dari kayu, tulang, dan dominannya terbuat dari batu. Macam-macam zaman batu : 1) Zaman Batu Tua (Paleolithikum) Berlangsung selama 50.000-10.000 tahun SM. Dihuni oleh manusia peking dan manusia jawa. Misalnya manusia jenis Pithecanthropus, Meganthropus, Paleojavanicus, Homo Soloensis, dan Homo Wajakensis. Macam kebudayaannya: a.       Kebudayaan Pacitan Ditemukan pada tahun 1935 di Desa Punung, Pacitan, Jawa Timur, berupa kapak genggam, kapak perimbas, pahat genggam, dan alat serpih. Manusia purba yang pertama kali di Pacitan adalah Pithecanthropus erectus, berasal dari masa pleistosen tengah (masa perkembangan budaya batu terawal di Indonesia). b.      Kebudayaan Ngandong  Salah satu daerah tempat ditemukannya bukti-bukti sejarah peradaban manusia, seperti alat-alat dari tulang. Berkembang di daerah Ngandong, Ngawi, ...

Upacara Adat Suku Jawa

 Upacara Adat Sadranan

Upacara adat sadranan utawa nyadran minangka upacara adat kang ditindakake masarakat Jawa, mligine Jawa Tengah. Sadranan asale saka basa Sanskerta, sraddha kang artine iman. Ing basa Jawa, sadranan asale saka tembung sadran kang tegese ruwah syakban. Sadranan utawa nyadran yaiku tradhisi reresik kuburan leluhur, nyebar kembang, lan slametan ing kuburan leluhur dening masarakat Jawa, umume ing desa-desa. Nyadran biasane dianakake saben dina kaping 10 wulan Rajab utawa nalika wulan Syakban teka, kanggo nyambut wulan Ramadhan.

Sejarahe sadranan utawa nyadran asline saka tradhisi Hindu-Buddha. Nanging wiwit abad kaping 15, Wali Songo nggabungake tradhisi iki karo piwulang Islam, supaya ora dadi masalah karo tradhisi Jawa nalika iku lan supaya nggampangake para wali anggone nyebarake dakwah Islam. Para wali ora ngilangi adat iki, nanging malah diselarasake lan diisi karo piwulang Islam, yaiku kanthi maca ayat al-Quran, tahlil, dzikir, lan salat. Nyadran dingerteni minangka wujud sesambetan antarane para leluhur, manungsa, lan Gusti Allah.

Kegiyatan kang ditindakake sajroning nyadran iku saben panggonan ora padha, nanging duweni tujuwan kang padha, yaiku ngurmati para leluhur, syukur marang Gusti, lan ngirim donga kanggo para kaluwarga utawa sedulur kang wis seda supaya kuburane resik saka dosa-dosa. Biasane upacara adat nyadran dianakake kanthi urutan kaya mangkene :

1.    Besik makam

2.    Upacara ziarah makam

3.    Donga bareng/ slametan

Besik makam yaiku ngresiki kuburan kaluwarga utawa sedulur saka rereget lan suket. Biasane wayah sore, sedina sadurung upacara adat nyadran dianakake, nanging uga bisa bareng ing dina upacara adat sadurung upacara adat iku diwiwiti. Sawise iku, nyebar kembang mligine kembang telasih, banjur banyu kang wis digawa saka omah. Nggunakake kembang telasih amarga duweni pralambang sesambetan kang raket antarane manungsa lan kaluwarga utawa sedulure kang wis seda.

Upacara ziarah makam yaiku ndedonga/ngirim donga marang Gusti kanggo wong kang wis tilar donya ing kuburan. Biasane bubar besik langsung donga kanggo kaluwargane kang wis seda, nanging uga bisa bareng ing dina upacara adat kang dianakake ing plataran makam. Biasane upacara adat nyadran diwiwiti saka jam 7 tekan jam 9 esuk, kanthi plataran makam dikebaki wong akeh uga tenong kang digawa dening masarakat.

        Donga bareng/ slametan yaiku maca ayat-ayat al-Quran, dzikir, lan tahlil kang dipandhegani dening sesepuh. Banjur dipungkasi kanthi mangan bebarengan saka tenong kang isine werno-werno panganan kang digawa dening masarakat. Yen wis rampung, masarakat sadesa kang rawuh ing upacara adat sadranan padha bubaran banjur bali kanthi nggawa tenonge dhewe-dhewe lan biasane wong lanang kang nyunggi tenong kasebut.

Comments

Popular posts from this blog